Beberapa bulan ini, banyak di wilayah di Indonesia yang tengah mengalami kekeringan dan kesulitan untuk mendapatkan air. Dengan situasi seperti ini, kita berharap hujan segera turun. Hujan yang membawa keberkahan, akan menjadi sumber kehidupan bagi di makhluk di bumi ini. Maka, mari kita mengetuk pintu langit agar hujan yang membawa keberkahan ini diturunkan, dengan cara meminta ampun kepada Allah dan berbuat baik kepada sesama.
Teks khutbah berikut ini berjudul "Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ngarep-arep Tumurune Udan kelawan Nyuwun Pangapuran lan Tetulungan". Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ اِنَّهٗ كَانَ غَفَّارًاۙ يُّرْسِلِ السَّمَاۤءَ عَلَيْكُمْ مِّدْرَارًاۙ
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.
وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
Artosipun, "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197)
Sidang Jumat rahimakumullah
Kita sedaya sampun pirsa, bilih sampun radi dangu, ing seperangan wilayah ten Indonesia ingkang nembe nandang raos prihatin amargi musim ketiga lan susah ing dalem pados banyu utawi musim kekeringan. Kahanan ingkang kados mekaten, tentunipun saking masyarakat punika, sami padha ngarep-ngarep sanget ing tumurune udan.
Sebab kelawan nikmat lan rahmat ingkang awujud udan punika, Gusti Allah Ta'ala maringi kaberkahane kangge nyukupi sumber panguripan makhluk. Kados dene Dhawuhipun Allah wonten ing Al-Qur'an Surat An-Nahl ayat 10:
هُوَ الَّذِيْٓ اَنْزَلَ مِنَ السَّمَاۤءِ مَاۤءً لَّكُمْ مِّنْهُ شَرَابٌ وَّمِنْهُ شَجَرٌ فِيْهِ تُسِيْمُوْنَ
Artosipun, "Utawi Allah iku, Dzat kang nurunake banyu saking langit, kanggo sira kabeh. Saking banyu iku sira bisa ngombe, lan saking banyu iku kekayon bisa thukul lan ana ing cecukulan kang thukul sebab banyu mahu, sira kabeh padha bisa angon rumangkang ira," (KH Bisri Mustofa, Tafsir Al-Ibriz, juz XIV, kaca 783)
Pramila, rahmate Gusti Allah ingkang awujud jawah punika, dipun arep-arep sanget tumurunipun. Khususipun kagem masyarakat ingkang nembe nandang kahanan larang banyu punika.
Jamaah Jumat ingkang minulya
Supados enggal pinaringan jawah punika, kita saget maos keterangan wonten ayat sanesipun ing Al-Qur'an. Gusti Allah sampun paring dhawuh, kasebat wonten ing Al-Qur'an Surat Nuh ayat 10:
فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوْا رَبَّكُمْ اِنَّهٗ كَانَ غَفَّارًا، يُرْسِلِ السَّمَاءَ عَلَيْكُمْ مِدْرَارًا، وَيُمْدِدْكُمْ بِأَمْوَالٍ وَبَنِينَ وَيَجْعَلْ لَكُمْ جَنَّاتٍ وَيَجْعَلْ لَكُمْ أَنْهَارًا
Artosipun: "Mangka ngucap ingsun: nyuwuna sira kabeh ing Pangeran sira kabeh (Gusti Allah), saktemene Pangeran iku Agung pangapurane. (Remena sira kabeh padha nyuwun ngapura). Allah Ta'ala bakal nurunake udan marang sira kabeh. Rupa udan kang deres. Lan Allah Ta'ala bakal paring sira kabeh, rupa raja kaya lan anak-anak lanang, lan bakal andadekake kebon-kebonan lan bengawan-bengawan kang mili," (KH Bisri Mushtofa, XXIX/2144-2145).
Ayat punika dados keterangan, bilih kelawan maos istighfar utawi nyuwun pangapura dhateng Allah punika saget ndadosaken wasilan tumurune udan. Mboten namung niku, malah saget dados sebab angsal nikmat arupi raja kaya, keturunan, kebon-kebonan, lan banyu bengawan kang mili kangge sumber panguripane makhluk.
Imam Ibnu Katsir, ugi sampun maringi keterangan bilih menawi kita kersa nyuwun pangapura utawi tobat, saha netepi sedaya dhawuhe Gusti, Insyaallah bakal dipun buka sedaya lawang keberkahan, saking langit lan bumi. Kasebat wonten ing kitab Tafsir Al-Qur’anil Azhim, jilid VIII, halaman 233:
إِذَا تُبْتُمْ إِلىَ اللهِ وَاسْتَغْفَرْتُمُوْهُ وَأَطَعْتُمُوْهُ، كَثُرَ الرِّزْقُ عَلَيْكُمْ، وَأَسْقَاكُمْ مِنْ بَرَكَاتِ السَّمَاءِ، وَأَنْبَتَ لَكُمْ مِنْ بَرَكَاتِ الْأَرْضِ، وَأَنْبَتَ لَكُمُ الزَّرْعَ وَأَدَرَّ لَكُمُ الضَّرْعَ
Artosipun, “Nalika sira kabeh padha gelem tobat lan nyuwun pangapura marang Allah, sarta netepi dhawuhe Gusti, yekti Gusti Allah bakal paring jembar rezeki marang sira kabeh. Gusti Allah ugi bakal paring omben-ombenan saking kaberkahan langit, nuwuhake saking kaberkahan bumi, nuwuhake tethukulan lan banyu susu kanggo sira kabeh.”
Pramila, ngathahi maos istighfar saha nyuwun pangapura punika penting sanget kagem mancing tumurune rahmat saking Gusti. Kajaba niku, kedhah netepi dhawuhe Gusti, tegese taat marang perintahe Gusti lan damel hubungan sahe kalian Gusti Allah lan sepadha makhluke Gusti.
Jamaah Jumat ingkang minulya
Nalika kita bacut nglakoni salah, kajaba taubat ugi kedah dipun sartani nglampahi kesaenan, supados angsal pangapura saking Gusti Allah. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring pangandikan wonten ing salah setunggal hadits ingkang dipun riwayataken saking sahabat Abu Dzar ra:
وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الحَسَنَةَ تَمْحُهَا
Artosipun, "(Upama bacut nglakoni lelakon ala) supaya enggal-enggal ngetut mbureni kanthi lelakon kang bagus (iku bisa nglebur lelakon kang ala)," (HR At-Tirmudzi)
Bilih kesaenan punika kathah sanget carane. Saget arupi ibadah shalat, pasa, ugi ingkang sifatipun hubungan kalian sepadha makhluk, kaya dene sedekah lan tetulung marang wong liya.
الحَسَنَةَ) ... كَصَدَقَةٍ وَصَلَاةٍ وَصَوْمٍ وَاسْتِغْفَارٍ
Artosipun, "(Kesaenan) iku kaya dene sedekah, shalat, pasa, lan maos istighfar (nyuwun ngapura)," (Syekh Muhammad bin Abdullah Al-Jurdani , Al-Jawahirul Lu'luiyah Fi Syarhil Arbain An-Nawawiyah, kaca 284)
Dados nalika kahanan larang banyu punika, kita saget ngamalaken sedekah. Wonten ing riwayat hadits sanesipun, dipun terangake bilih sedekah punika saget nglerem bendu saking Gusti Allah swt. Kanjeng Nabi Muhammad saw paring dhawuh:
صَدَقَةُ السِّرِّ تُطْفِئُ غَضَبَ الرَّبِّ
Artosipun, "Sedekah ingkang rahasia, saget ngleremake bendune Gusti," (HR At-Tirmidzi).
Jamaah Jumat ingkang minulya
Lajeng mbok menawi daerah kita alhamdulillah taksih kalimpahan kathah banyu, kita saget bantu sedulur-sedulur ingkang taksih nandang kahanan larang banyu punika, kanthi wujud sedekah nyaosi bantuan banyu resik utawi perkara ingkang saget paring manfaat sanesipun. Ingkang carane tetulung punika, ugi saget dipun sesuaikan kalian kemampuanipun piyambak-piyambak.
Ugi ingkang mboten kalah penting, inggih punika kita sedaya kedah muhasabah utawi evaluasi. Mbok menawi wonten perkawis ingkang kita sampun lampahi punika, taksih keliru. Contonipun nalika kahanan kathah banyu, kita mboten gadahi kesadaran kagem hemat utawi jaga sumber banyu ingkang resik.
Lajeng kagem pemerintah, muhasabah utawi evaluasi punika, dipun awujudaken kelawan kebijakan tata kelola sumber daya air lan kados pripun supados masyarakat saget angsal akses banyu ingkang sae. Lan saking perusahaan-perusahaan, ugi kedah ningali malih kegiatanipun: ingkang sampun lumampah niku gadahi potensi ngrusak sumber banyu napa mboten?
Kanthi sedaya ikhtiar punika, mulai saking taubat, nyuwun pangapura, saha netepi dhawuhe Gusti kanthi memperbaiki hubungan kita marang Gusti, ugi marang manungsa, lan lingkungan alam punika, mugi-mugi Gusti Allah kersa paring welas asih marang kita.
Menikalah sekedik ingkang saget kita lampahi, nalika nembe kahanan prihatin kados dene kahanan larang banyu. Kanthi nyuwun pangapura kalian Gusti Allah lan netepi sedaya dhawuhipun, saha sami tetulung marang sepadha, mugi-mugi Gusti kersa paring rahmat arupi jawah ingkang kebak kaberkahan.
Kangge mungkasi khutbah menika, mangga kita tansah dedunga mugi Gusti Allah, tansah ndadosaken masyarakat ing kampung kita, saha negara Indonesia punika pinaringan berkah. Lan mugi-mugi kita sedaya, dipun tebihaken saking sedaya balak lan musibah. Amin ya Rabbal 'Alamin
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ، أَمَّا بَعْدُ
فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر.
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali.

51 menit yang lalu
2



English (US) ·
Indonesian (ID) ·