Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Guru lan Tiyang Sepuh Kalih, Pahlawan Kita Sedaya

1 jam yang lalu 4

Selain pahlawan yang berjuang mengorbankan jiwa dan raga untuk bangsa ini, adapula orang yang juga layak kita sebut sebagai pahlawan, yang juga memiliki jasa yang besar bagi kita, sehingga kita tumbuh menjadi manusia sejati. Mereka adalah para guru dan orang tua kita. Jasa mereka tiada tara. Oleh karenanya, wajib bagi kita untuk membalas kebaikan mereka dengan cara berbakti dan mengamalkan ilmu dari mereka.
 

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul: “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Guru lan Tiyang Sepuh Kalih, Pahlawan Kita Sedaya”. Untuk mencetak naskah khutbah Jumat ini, silakan klik ikon print berwarna merah di atas atau bawah artikel ini (pada tampilan desktop). Semoga bermanfaat!
 

Khutbah I
 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ  قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
 

Ma’asyiral Muslimin, Sidang Jum’at rahimakumullah
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalem kesahenan.

Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindakake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisanipun. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah Ta’ala. Dhawuhipun Allah Ta’ala:
 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ
 

Artosipun, “Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal.” (QS Al Baqarah: 197).
 

Para Jamaah ingkang minulya Ing wulan November punika, kita sedaya bangsa Indonesia, sami mengeti Dinten Pahlawan. Wonten ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), KBBI pahlawan punika dipun maknani kados mekaten: orang yang menonjol karena keberanian dan pengorbanannya dalam membela kebenaran atau pejuang yang gagah berani.
 

Makna pahlawan punika, tentu mboten namung ateges kagem tiyang kagem ingkang berjuang fisik, ngangkat bedil, nglawan penjajah. Ananging ugi dhumateng sedaya tiyang ingkang sampun berjuang lan berkorban kagem kesaenan.
 

Contonipun menawi ing sekitar kita, inggih punika kados dene tiyang sepuh lan para guru, ingkang lantaran perjuangan saha pengorbananipun, saged ndadosaken para putra utawi murid punika dados tiyang ingkang sahe lan bermanfaat.
 

Tiyang sepuh kalih lan para guru, punika lah pahlawan kita sedaya. Ingkang jasanipun ageng sanget. Pramila, kita wajib mbales kesaenan punika kanthi ngabekti saha nglajengaken sedaya kesaenan ingkang sampun dipunwucalaken dhumateng kita.
 

Wonten ing Al-Qur’an, Gusti Allah sampun paring prentah supados kita ngabekti dhumateng tiyang sepuh kalih:
 

وَوَصَّيْنَا الْاِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ
 

Artosipun: “Lan Ingsun (Allah) wasiat marang menungsa, (Ingsun perintah bagusi) marang wong tua kalih,” (QS Luqman ayat 14)

KH Bisri Mustofa wonten ing Tafsir Al-Ibriz, juz XXI kaca 1409-1410, maringi keterangan bilih tiyang sepuh kita punika ageng sanget jasanipun. Contonipun kados Ibu nalika ngandut kita. Sang ibu sampun nandang payah, ingatase payahe ngandut lan anggene nyapih. Pramila, Gusti Allah dhawuhi marang menungsa, supaya padha syukur marang Allah lan marang wong tua kalih.
 

Malah-malah wonten ing salah setunggalipun hadits, Kanjeng Nabi Muhammad saw maringi paneges bilih Ridhanipun Gusti Allah punika ing dalem ridhanipun tiyang sepuh. Kosok wangsulipun, Bendunipun Gusti Allah ugi ing dalem benduning tiyang sepuh.
 

رِضَا الرَّبِّ فِي رِضَا الْوَالِدِ وَسُخْطُ الرَّبِّ فِي سُخْطِ الْوَالِدِ
 

Artinya, “Ridhanipun Gusti iku ing dalem ridha saking tiyang sepuh, lan Bendune Gusti iku ugi ing dalem bendune tiyang sepuh.” (HR. Tirmidzi).
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Lajeng, tiyang ingkang patut kita wastani pahlawan ugi, inggih punika para guru kita, ingkang sampun berjasa ndadosaken kita punika dados tiyang ingkang pinter lan bener. Langkung-langkung dhumateng para guru ingkang sampun ngenalaken kita marang Gusti saha tata caranipun anggene kita ngibadah.
 

Saking setunggal huruf mawon ingkang saged kita pahami, sebab dipunwucal kalian guru, kita wajib mulyaake guru. Napa malih setunggal bab ilmu, ingkang saged ndadosaken kita mangertosi tata carane ngibadah saha dados lantaran dados dalan keslametan ing dunya lan akhirat.
 

Pramila, kita wajib mulyaake para guru, saha ngamalaken ilmu ingkang sampun kita tampi punika. Supados ilmu punika saged manfaat saha dados jariyah kagem para guru kita punika. Wonten salah setunggal syiir ingkang nerangaken kautaman guru:
 

لَقَدْ حَقَّ اَنْ يُّهْدَى اِلَيهِ كَرَامَـةً # لِتَعْلِيْمِ حَرْفِ وَاحِدٍ اَلْفُ دِرْهَمٍ
 

Artosipun: “Guru wis mesti dihadiahi sewu dirham, mulyakke kerana mulang siji huruf tur paham." (Ibrahim bin Ismail, Syarah Ta’lim Muta’allim, Pustaka Alawiyah Semarang, kaca 17).
 

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Menikalah sekedik keterangan ing babagan mengeti Dinten Pahlawan saha kewajiban ngabekti dhumateng para guru lan tiyang sepuh kita. Kangge mungkasi khutbah menika, mangga kita tansah dedunga mugi Gusti Allah, maringi keberkahan lan kesehatan, sehat wal afiat dhumateng tiyang sepuh kita sedaya. Ugi paring rahmat lan pangapura, dhumateng tiyang sepuh kita ingkang sampun marak sowan dhateng Allah.
 

Lan mugi Gusti Allah tansah ndadosaken masyarakat ing kampung kita lan negara Indonesia punika pinaringan berkah, saha dipun tebihaken saking sedaya balak lan musibah. Amin ya Rabbal ’Alamin.
 

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر
 

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.  اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
 

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
 

عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali

Baca Artikel Selengkapnya